Kamis, 16 Januari 2020

Geguritan

      Geguritan iku sawijining rumpakan, pepethan, karangan kang awujud reroncen 
tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes. Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern, maksude 
wujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar/ modern. 
      Ing sejarah kasusastran Jawa, wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanging 
uga ana tembang. Apa bedane? Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru 
wilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan,lan guru lagu. Tembang ing kasusastran Jawa iku werna-werna. Ana tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik (alit). Tembang gedhe utawa sekar ageng iku kanggo nyebut kakawin kang muncul ing jaman sastra Jawa Kuna. Tembang tengahan lan tembang cilik iku kalebu tembang macapat. Tembang tengahan iku uga ana kang ngarani kidung yaiku tembang kang muncul ing jaman Jawa Tengahan. 
     Saliyane iku ana maneh tembang dolanan lan tembang campursari. Yen cakepan tembang dolanan lan tembang campursari diwaspadakake, apa ya bedane karo geguritan? Tuladhane tembang dolanan lan tembang campursari kaya ing ngisor iki.
Tuladha tembang dolanan:

    SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang solo
leh-olehe payung motha
mak jenthit lololobah
uwong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleka dhuwit

Tuladha tembang campursari:

    KUNCUNG
(Anggitane Ranto Edi Gudel)

cilikanku rambutku dicukur kuncung
kathokku saka karung gandum
klambiku warisane mbah kakung
sarapanku sambel korek sega jagung
kosokan watu neng kali nyemplung ing kedhung
jaman dhisik durung usum sabun …, (pabrike rung dibangun)
andhukku mung cukup andhuk sarung
dolananku montor cilik saka lempung
pis holopis kuntul baris
rekasane saiki wis
pis holopis kuntul baris
gegere gek mbok ndang uwis
Reff. 
 tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)
 aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter
 tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)
 bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokter
ha na ca ra ka
iki crita jaman semana
da ta sa wa la
iki crita saka wong tuwa

tuladha geguritan :

       PATULADHAN
 Dening: Davit Harijono

kang mimpin 
oraa ana ing ngarep
nanging cahyaning
patuladhan iku kudu
ngaton mangejawantah
yen wus madhep mantep
tegese tegen
ngendhaleni panguwasa
nyekel pusara
ya pusakaning adil
yen jirih wateke
mung bakal tansah
singidan dhedhemitan
samun kang dadi
patuladhane kuthung
pancen kang 
mimpin iku dudu
empuke kursi kok
apamaneh kerta aji
angen-angen kurang duga
iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu
awit karsaning bumi iki bisaa lestari
ing tentrem lan ing makmur
manitis sukmaning kusuma bisaa
ngambar arum saindenging nuswantara
*Panjebar Semangat 12, 22 Maret 1997

 

Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
  1. Tema
  2. Bahasa kang endah
  3. Judul Geguritan
  4. Diksi
  5. Citra
  6. Purwakanthi
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

Jenis - jenis ing Geguritan

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
  1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
  2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
  3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

MACA ENDAH GEGURITAN
       Maca endah iku sawijining ketrampilan basa kang nggandhengake unsur basa lan kaendahan utawa seni. Kegiatan maca endah geguritan diarani kasil lan 
apik yen para siswa wis bener lan pener ing bab basane (lafal, intonasi, andhegan, lan 
sapanunggalane) lan becik utawa endah tur nyengsemake ing bab senine (ekspresi, solah-bawa, wirama,lan sapanunggalane). Ana sing luwih penting maneh, maca endah geguritan iku tujuane sing nyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi, piweling, lan kaendahaning geguritan sing diwaca.
        Amarga geguritan iku mapan ing alam kabudayan Jawa, kabeh mau kudu didhasarake wewatakan, tatakrama, lan sopan santun Jawa. Maca geguritan iku kudu njawani.
Tatacara maca geguritan sing becik, yaiku:
1. Geguritane kudu wis ditemokake struktur lair-batine (interpretasi geguritan)
2. Geguritane diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan bagean 
kang penting kudu dingerteni luwih dhisik.
3. Geguritan iku diwenehi tandha pamaca lan tandha andhegan. Yen perlu geguritan iku 
bisa ditulis maneh manut interpretasine para siswa.
4. Kanggo gladhen, geguritan mau diwaca manut tandha pamaca lan tandha andhegan, 
uga katrangan solah bawane. Gladhen dianggep cukup yen para siswa wis bisa kanthi 
lancar lan ora rumangsa isin, kikuk, kaku, salah tingkah nalika maca endah geguritan.

Vokal/Swarane
Swara kudu bantas, resik, tur cetha pangucapane. Ing bab vokal/swara iki kudu dimangerteni bab-bab ing ngisor iki :
1. artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.
2. diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane. 
3. tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing 
pengin diwedharake.
4. dinamika : alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi 
kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.
5. modulasi : owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik, 
swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.
6. intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake sawijining pada dadi ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane.
7. andhegan : andhegan = jeda (Bahasa Indonesia), yaiku pedhotane tembung lan
ukara ing geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine geguritan.
8. ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan weteng (=pernafasan perut).

Solah Bawane
  Obahing awak sakujur kudu bisa nguwatake geguritan apa sing lagi kawaca, solah bawa 
kudu bisa :
1. komunikatif: maca endah geguritan iku kudu dirasakake, maca-solah bawa sing metu saka ati supaya bisa nggeterake atine pamirsa.
2. ekspresif : asil saka interpretasi, ngerti marang struktur lair-batin geguritan mau 
diwujudake kanthi mimik-pantomimik-kinetik lan solah bawa kang becik 
lan endah.
3. konsentrasi: fokus, para siswa kudu munjerake pikiran, wektu lan tenaga kanthi nggladhi sinau maca geguritan supaya asile ora getun tiba buri. Sebab 
kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni.



Sumber :

  • Sastri Basa Jawa kelas 11
  • http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1



4 komentar:

Panganan Tradisional

            Panganan tradisional yaiku panganan sing biasa dipangan marang masyarakat tertentu, dengan citarasa khas sing diterima marang m...